Overzicht  Overview

 

Bebuka lan Redaksi  Diaspora Jawa Sakdonya 

Ngumpulke Balung Pisah (NBP) > Komite Organisasi NBP NBP 1/2014 NBP 2/2015 NBP 3/2017

Afrika Kidul  Australia  Brunei Darussalam  Guyana Prancis  Indonesia  Kaledonia Anyar 

Kapuloan Kokos  Landa  Madagaskar    Malaysia  Meksiko  Singapura  Sri Lanka  Suriname  Thailand  Vietnam

BanyuMili Jawa Suriname

 

 

 

BanyuMili Jawa Suriname
Informasi lan edukasi sejarah, basa lan budaya Jawa Suriname

 

BanyuMili Jawa Suriname kuwi aktivitase istimewah Reinier Kromopawiro

 

Isine kaca-kaca BanyuMili
Jawa Suriname

Karangan

Sangsarané simbah

Cerita

Anak Jawa tenan aku
Ngenteni angin
Mbeleh pitik
Mengko nlencer neng pasar
Saben minggu ana dina Setu
Lawuhe iwak asin
Ngimpi nyleneh
Mengko arep blanja
Duwe gawe
Seger banget wedange

Geguritan

Atur panuwun
Surya

Situsweb

www.diasporajawa.net
www.javanenvansuriname.info
www.javanenindiaspora.net
www.surinamersindiaspora.net
www.javaansleren.mobi

Balik neng...

Kaca Bebuka

Karangan

Sangsarané simbah

Simbahku putri, ibuné ibuku, asmaé Toemidja Tomoredjo asal-usulé saka Banyuweneng (Wonosari), lan simbahku putra, asmané Karno Kromopawiro, ramané ibuku asal-usulé saka Pringtali (Magelang), Inddonésia.

Simbahku putri sok-sok menthongkrong madhep ngétan karo nyambi nginang. Kerep ibuku nakoni simbahku kok bolak-balik mengkono kuwi. Wangsulané omongé simbahku kèlingan anaké sing ditinggal nèng Banyuweneng désané simbahku nèng Indonésia. Nganti sepréné aku kèlingan kahanané simbahku putri kaya mengkono kuwi, sebabé kerep banget olèhé nyrita ibuku babagan simbah kuwi. Dadi tak-kira ing jaman saiki mbokmenawa setengah désa Banyuweneng kuwi ya sedulurku. Kaya ngapa ya rasané nèk aku bisa nemoni sedulurku saka simbahku putri. Kajaba sedulurku saka simbahku putra, ramané ibuku lan bapa-biyungé ramaku dhéwé. Kepiyé rasané yèn balung pepisahan, kapeksa dipisah apa karepé dhéwé-dhéwé bisa dikumpulaké manèh.
Ing sakdonya ana akèh balung sedulur Jawa pepisahan. Akèh sedulur padha isih duwé nenuwun bisa nemoni sedulur pepisahan mengkono iku. Tegesé kapeksa apa karepé dhéwé-dhéwé.

Kelingan simbah-simbahku

Lairku nèng désa Bakkie, Suriname. Iku désa Jawa, sebabé akèh-akèhé mung wong Jawa sing padha manggon nèng désa kuwi. Kabèh wong tani. Nandur pari, tela, gedhang, kimpul, sayur-sayuran lan sapanunggalané. Nèk wayah rendheng padha sambatan ngrumati sawah-sawah gawé nandur pari. Simabahku putri, iku ya ibuné ibuku, asmané Toemidja Tomoredjo, asal-usulé saka désa Banyuweneng ora adoh saka Yogyakarta, Indonesia. Budhalé menyang Suriname saka Semarang tanggal 22 Désember taun 1919. Simbahku putra, ramané ibuku, asmané Karno Kromopawiro, asal-usulé saka désa Pringtali, distrik Magelang. Rawuhé ing Suriname tanggal 10 Januari taun 1917.

Cilikanku aku manggon nèng nggoné simbahku. Aku isih kèlingan simbahku putri seneng osrèng-osrèng kembang turi. Dadi aku nganti sepréné ya isih seneng mangan sega karo kembang turi sing diosrèng-osrèng carané simbahku putri. Sok-sok simbahku putri ngendika “Nanti dulu sebentar, ya nak.” Lah aku terus takon: “Apa iku tegesé ta simbah?” Simbahku putri terus mangsuli: ”Iku, nak, tegesé ing cara Jawa ‘mengko dhisik, ya’. Aku ya seneng diblajari ngomong basa Melayu. Biyèn basa iku diarani kaya mengkono. Menawa simbahku putri yèn isih urip saiki nggumun, sebabé ‘sekarang saya berbahasa Indonesia juga, hahaha’. Lancar, nanging sok-sok ya pincang-pincang olèhku nganggo bahasa Indonesia, sebabé ora tak-gunakaké saben dina.

Simbahku putra Karno Kromopawiro ninggal alam donya kira-kira aku duwé umur limang taun. Panjenengané seneng nganggo kathok komprang ireng. Saiki aku sajané ya uga seneng nganggo kathok komprang, ning ora duwé iku, lo. Suk aku tuku siji, terus tak-anggo nèng omah kaya simbahku putra biyèn.

Simbahku putri mbiyèn ceritané ana udan awu nèng tanah Jawa. Lah, aku iki ya nggumun banget kok ana udan awu. Nèng Suriname cilikané aku nganti sepréné yen udan iku udan banyu saka langit, saka nduwur. Lah saiki yèn aku kèlingan ceritané simbahku iku aku ya mèsam-mèsem thok. Sababé aku saiki dunung apa tegesé udan awu iku. Lah terus tak-golèki nèng kartu geograpis apa kar geograpis iku bawah ngendi ta désa Banyuweneng iku nèng Jawa Tengah. Saiki aku dunung. Nèng kana iku ana gunung Merapi lan Merbabu. Gunung Merapi iku sok-sok njeblos, terusé ana udan awu. Owalah mbah olèhé panjenengan nyerita udan awu kok malah dadèkaké pikirané putuné panjenengan. Ya, ning ora apa-apa, simbah.

Simbah putri mbiyèn ya nginang lo. Nganggo suruh, gambir karo apa ta putih-putih kaé lo kaya kapur, kok ya lali aku jenengé kuwi. Owalah, kuwi jenengé enjet. Bubar nginang iku terus nyusur nganggo baco. Terus idu nèng jèjèré, lah lemahé iku dadi abang-ireng, hehehe. Owalah mbah, aku jan tresna panjenengan temenan aku saiki isih kèlingan budi-dayané simbah. Wong tani uripé iku jan kangèlan banget. Ésuk-ésuk mruput masak sega, nggorèng iwak asin, nyambel trasi, nggawé bontot kanggo menyang sawah. Nèk wayah rendheng nandur pari kanggo mangan saben dinané. Sing turah didol, bisa olèh rong écé, telung écé gawé tuku gula. Wédangé tèh iku nèk ora legi carané wong Jawa ya wédangé ora énak, ora ana rasané.

Simbahku putri mbiyèn uga bisa nambani wong lara. Aku ya nggumun cilikanku. Yèn wong lara nggolèk tamba iku terus menyang nèng nggoné simbahku njaluk tulung kepingèn waras. Simbahku wadon seneng nulungi wong liya, wong lara. Sirahé wong lara iku terus disebul-sebul, pungkasané wong lara iku mari. Wong sing lara iku nèk mari terus arep mbayar simbahku. Ning panjenengané ora gelem dibayar, mung njaluki saksèn.

Lah aku iki kok mung duwé ceritané simbah putri. Sebabé aku kira-kira duwé limang taun simbahku putra nilar donya. Dadi aku ora bisa nyeritakaké owahé simbahku putra.

Iki sedulur Jawa takgawèkaké geguritan ‘atur panuwun’ kanggo ngèngeti sedulur Jawa kontrakan sing ngrasakaké sangsara gedhé temenan ing tengah-tengahing samudra.

 

 

 

Sejarah
Imigrasi Jawa neng Suriname
1890 - 1940

 

Sedulur Jawa kontrakan

Imigrasi Jawa nèng Suriname wiwit taun 1890 nganti taun 1890 suwéné. Cacahé kira-kira 33.000 sedulur Jawa saka Tanah Jawa. Sedulur Jawa kontrakan iku kudu nglakoni kontraké saksuwéné limang taun. Dikon kerja nèng kabudidayan-kabudidayan Landa nèng Suriname. Bubar iku sing gelem lan sing duwé duwit bisa balik menyang Indonésia apa nglakoni kontrak anyar uga saksawéné limang taun manèh. Akèh kapal-kapal Landa sing dimenyangaké Suriname iku duwé jeneng Indonésia, kaya ta kapal Sumatra (tanggal 6 Mei 1897 teka nèng Suriname), kapal Malang (teka nèng Suriname tanggal 1 Agustus 1901), kapal Lawu (teka nèng Suriname tanggal 17 September 1901), kapal Ambon (teka nèng Suriname tanggal 18 Juli 1903), kapal Florés (teka nèng Suriname tanggal 13 Agustus 1904) lan liya-liyané.

Kapal Voorwaarts iku kapal cilaka

Ing taun 1894 tanggal 29 sasi April kapal sing diarani Voorwaarts budhal menyang Suriname saka palabuan Tanjung Priok ing Batavia, jaman saiki jenengé kutha iku Jakarta. Nanging kapalé kudu nèng Semarang dhisik. Saka kutha iku uga ana sedulur Jawa kontrakan 339 sing padha mèlu menyang Suriname. Saka palabuan Tanjung Priok ana sedulur Jawa kontrakan 193 sing mèlu menyang Suriname. Kapalé nggawa sedulur Jawa kontrakan cacahé total 614. Kapitèné Landa asmané C. Koning lan sing kerja nèng kapal iku cacahé 48. Uga ana kok (tukang masak) Jawa telu. Saksuwéné lakuné kapal iku nèng segara gedhé wis sangsarané uga gedhé banget. Kapalé jan tumplek bleg tenan, sawangané sedulur Jawa kontrakan nèng kono iku ora bisa owah, sawangané padha dikencengi.Ing lakuné kapal Voorwaarts iku ing tengah-tengahing segara ana sedulur Jawa cacahé 32 nilar donya. Lagi teka nèng Suriname ana sedulur Jawa 32 manèh nilar donya. Luwih saka sedulur Jawa 80 padha nilar donya lan saksuwéné kontrak limang taun sedulur Jawa 36 manèh nilar donya.
Kapalé Voorwaarts teka nèng Suriname dina Minggu tanggal 17 sasi Juni taun 1894.Kaya ngapa sangsarané sedulur Jawa kuwi ninggal sedulur nèng Tanah Jawa. Apa ing jaman saiki kuwi balung pepisahan kuwi wis tau padha ngumpul tumplek bleg nèng tanah asal-usulé. Kaya ngapa ya rasané yen ngumpul bisa ramé-raméan bebarengan. Mbokmenawa eluhé padha drèjès-drèjès kaya miliné banyu kali bengawan Solo kaé.

Balik menyang Indonésia karo kapal Langkoeas

Ing taun 1954 tanggal 4 Januari 300 kulawarga budhal balik menyang Indonésia karo kapal Langkoeas. Total wong 1014 cacahé. Sing 646 lairé nèng Suriname. Nèng kapal Langkoeas iku nèng tengah-tengah segara ana papat lair nèng kono. Nèng kapal iku bocah-bocah sing wis padha menyang sekolah nèng Suriname diblajari ngomong bahasa Indonésia. Tekané tanggal 4 sasi Pebruari nèng palabuan Teluk Bayur ing Sumatra Kulon terus dimenyangaké nèng Padang. Ning panjenengané kudu nèng Tongar, saka Padang iku mau 180 km. Tongar mbiyèn iku isih wana, durung désa. Dadi wong Jawa kontrakan Suriname sing padha bali menyang Indonésia kudu kringeten dhisik nyambut gawé rina-wengi sak-kuwat-kuwaté, Nggawé omah, dalan ngétan, dalan ngulon, dalan ngalor, dalan ngidul. Dhasaré kabèh padha nyambut gawé beberengan bisa lulus lan bisa diparingi sukses. Uga kudu bisa urip lan kerja bebarengan karo bangsa Minangkabau.Désa Tongar iku saiki uga diarani désa Suriname. Akèh anak-putuné wis dadi pangkat-pangkat ing pula Jawa. Budhalé saka Suriname iku ya ana kesangsarané. Akèh kulawarga sing bapaké ora bisa budhal bareng karo bojoné lan anaké, sebabé duwité kanggo bayar kurang apa ora ana nggon nèng kapal Langkoeas iku. Dadi akèh kèri nèng Suriname. Tujuané suk nèk ana kelonggaran manèh sing kèri iku bisa budhal. Ning wis ora ana kalonggaran manèh. Dadi akèh balung-balung kapeksa pepisahan. Kulawarga pepisahan nèng Tongar iku suwé-suwé balik menyang Suriname manèh bisa kumpul karo bojoné sing kèri nèng Suriname.Aku yèn maca sejarahé wong Jawa lan nulis-nulis cerita kaya iki aku bolak-balik ya mripatku drèjès-drèjès. Kèlingan kahananku dhéwé. Aku duwé umur pitulas taun aku budhal menyang negara Landa ninggal bapa-biyung, adhik-adhik lan sedulurku kabèh nèng Suriname. Nanging balungé ora kapeksa dipisah, sebabé iku karepku dhéwé. Dadi aku ya bisa ngrasaké sethithik apa kahanané iku yèn kepisahan saka seduluré dhéwé. Krasa nèng balung sungsum.

 

Basa
Basa Jawa Suriname
lan basa liyane

 

 

 

Budaya
Budaya Jawa Suriname
lan budaya liyane

 

 

 

 

Sumber informasi
Diaspora Jawa Suriname

 

 

 

 

 

Kolofon

Disain situsweb, disain grafis, research lan
redaksi basa Jawa, Landa lan Inggris dening
bocah desa, Suriname

Urunan

Situs portal www.diasporajawa.net iki urunane
BanyuMili Jawa Suriname sing nggarap babagan sejarah, basa lan budaya Jawa Suriname liwat
situsweb www.javanenvansuriname.info.
Actifitas iku diwiwiti ing taun 1990 bebarengan karo adegane Sana Budaya ing Paramaribo, Suriname.

Bocah desa, Suriname
Reinier Kromopawiro

 

Overzicht
Overview

Kaca Bebuka
Ngumpulke Balung Pisah
Javanese Diaspora Event

BanyuMili Jawa Suriname

Diaspora Jawa Sakdonya
Afrika Kidul
Australia
Brunei Darussalam
Guyana Prancis
Indonesia
Kaledonia Anyar
Landa
Madagaskar
Malaysia
Meksiko
Singapura
Sri Lanka
Suriname
Thailand