![]() |
|
● Ngumpulke Balung Pisah (NBP) > ● Komite Organisasi NBP ● NBP 1/2014 ● NBP 2/2015 ● NBP 3/2017 |
● Afrika Kidul ● Australia ● Brunei Darussalam ● Guyana Prancis ● Indonesia ● Kaledonia Anyar |
● Kapuloan Kokos ● Landa ● Madagaskar ● Malaysia ● Meksiko ● Singapura ● Sri Lanka ● Suriname ● Thailand ● Vietnam |
|
|
|
|
Isine kaca iki
●
Diaspora Jawa Suriname |
|
|
![]() |
|
Diaspora Jawa Suriname Imigrasi Jawa neng Suriname 1890 - 1940 |
|
Imigrasi Jawa nèng Suriname wiwit taun 1890 nganti taun 1890 suwéné. Cacahé kira-kira 33.000 sedulur Jawa saka Tanah Jawa. Sedulur Jawa kontrakan iku kudu nglakoni kontraké saksuwéné limang taun. Dikon kerja nèng kabudidayan-kabudidayan Landa nèng Suriname. Bubar iku sing gelem lan sing duwé duwit bisa balik menyang Indonésia apa nglakoni kontrak anyar uga saksawéné limang taun manèh. Akèh kapal-kapal Landa sing dimenyangaké Suriname iku duwé jeneng Indonésia, kaya ta kapal Sumatra (tanggal 6 Mei 1897 teka nèng Suriname), kapal Malang (teka nèng Suriname tanggal 1 Agustus 1901), kapal Lawu (teka nèng Suriname tanggal 17 September 1901), kapal Ambon (teka nèng Suriname tanggal 18 Juli 1903), kapal Florés (teka nèng Suriname tanggal 13 Agustus 1904) lan liya-liyané. |
|
|
Sedulur Jawa
kontrakan Imigrasi Jawa nèng Suriname wiwit taun 1890 nganti taun 1890 suwéné. Cacahé kira-kira 33.000 sedulur Jawa saka Tanah Jawa. Sedulur Jawa kontrakan iku kudu nglakoni kontraké saksuwéné limang taun. Dikon kerja nèng kabudidayan-kabudidayan Landa nèng Suriname. Bubar iku sing gelem lan sing duwé duwit bisa balik menyang Indonésia apa nglakoni kontrak anyar uga saksawéné limang taun manèh. Akèh kapal-kapal Landa sing dimenyangaké Suriname iku duwé jeneng Indonésia, kaya ta kapal Sumatra (tanggal 6 Mei 1897 teka nèng Suriname), kapal Malang (teka nèng Suriname tanggal 1 Agustus 1901), kapal Lawu (teka nèng Suriname tanggal 17 September 1901), kapal Ambon (teka nèng Suriname tanggal 18 Juli 1903), kapal Florés (teka nèng Suriname tanggal 13 Agustus 1904) lan liya-liyané. |
|
Kapal Voorwaarts iku kapal
cilaka Ing taun 1894
tanggal 29 sasi April kapal sing diarani Voorwaarts budhal
menyang Suriname saka palabuan Tanjung Priok ing Batavia, jaman
saiki jenengé kutha iku Jakarta. Nanging kapalé kudu nèng
Semarang dhisik. Saka kutha iku uga ana sedulur Jawa kontrakan
339 sing padha mèlu menyang Suriname. Saka palabuan Tanjung
Priok ana sedulur Jawa kontrakan 193 sing mèlu menyang Suriname. Kapalé nggawa
sedulur Jawa kontrakan cacahé total 614. Kapitèné Landa asmané
C. Koning lan sing kerja nèng kapal iku cacahé 48. Uga ana kok (tukang
masak) Jawa telu. Saksuwéné lakuné kapal iku nèng segara gedhé
wis sangsarané uga gedhé banget. Kapalé jan tumplek bleg tenan,
sawangané sedulur Jawa kontrakan nèng kono iku ora bisa owah,
sawangané padha dikencengi.Ing lakuné kapal
Voorwaarts iku ing tengah-tengahing segara ana sedulur Jawa
cacahé 32 nilar donya. Lagi teka nèng Suriname ana sedulur Jawa
32 manèh nilar donya. Luwih saka sedulur Jawa 80 padha nilar
donya lan saksuwéné kontrak limang taun sedulur Jawa 36 manèh
nilar donya. |
|
Balik menyang Indonésia karo kapal Langkoeas Ing taun 1954 tanggal 4 Januari 300 kulawarga budhal balik menyang Indonésia karo kapal Langkoeas. Total wong 1014 cacahé. Sing 646 lairé nèng Suriname. Nèng kapal Langkoeas iku nèng tengah-tengah segara ana papat lair nèng kono. Nèng kapal iku bocah-bocah sing wis padha menyang sekolah nèng Suriname diblajari ngomong bahasa Indonésia. Tekané tanggal 4 sasi Pebruari nèng palabuan Teluk Bayur ing Sumatra Kulon terus dimenyangaké nèng Padang. Ning panjenengané kudu nèng Tongar, saka Padang iku mau 180 km. Tongar mbiyèn iku isih wana, durung désa. Dadi wong Jawa kontrakan Suriname sing padha bali menyang Indonésia kudu kringeten dhisik nyambut gawé rina-wengi sak-kuwat-kuwaté, Nggawé omah, dalan ngétan, dalan ngulon, dalan ngalor, dalan ngidul. Dhasaré kabèh padha nyambut gawé beberengan bisa lulus lan bisa diparingi sukses. Uga kudu bisa urip lan kerja bebarengan karo bangsa Minangkabau.Désa Tongar iku saiki uga diarani désa Suriname. Akèh anak-putuné wis dadi pangkat-pangkat ing pula Jawa. Budhalé saka Suriname iku ya ana kesangsarané. Akèh kulawarga sing bapaké ora bisa budhal bareng karo bojoné lan anaké, sebabé duwité kanggo bayar kurang apa ora ana nggon nèng kapal Langkoeas iku. Dadi akèh kèri nèng Suriname. Tujuané suk nèk ana kelonggaran manèh sing kèri iku bisa budhal. Ning wis ora ana kalonggaran manèh. Dadi akèh balung-balung kapeksa pepisahan. Kulawarga pepisahan nèng Tongar iku suwé-suwé balik menyang Suriname manèh bisa kumpul karo bojoné sing kèri nèng Suriname.Aku yèn maca sejarahé wong Jawa lan nulis-nulis cerita kaya iki aku bolak-balik ya mripatku drèjès-drèjès. Kèlingan kahananku dhéwé. Aku duwé umur pitulas taun aku budhal menyang negara Landa ninggal bapa-biyung, adhik-adhik lan sedulurku kabèh nèng Suriname. Nanging balungé ora kapeksa dipisah, sebabé iku karepku dhéwé. Dadi aku ya bisa ngrasaké sethithik apa kahanané iku yèn kepisahan saka seduluré dhéwé. Krasa nèng balung sungsum. |
|
|
![]() |
|
Diaspora Jawa Suriname Wong Jawa Suriname lunga saka Suriname 1975 |
|
Imigrasi Jawa nèng Suriname wiwit taun 1890 nganti taun 1890 suwéné. Cacahé kira-kira 33.000 sedulur Jawa saka Tanah Jawa. Sedulur Jawa kontrakan iku kudu nglakoni kontraké saksuwéné limang taun. Dikon kerja nèng kabudidayan-kabudidayan Landa nèng Suriname. Bubar iku sing gelem lan sing duwé duwit bisa balik menyang Indonésia apa nglakoni kontrak anyar uga saksawéné limang taun manèh. Akèh kapal-kapal Landa sing dimenyangaké Suriname iku duwé jeneng Indonésia, kaya ta kapal Sumatra (tanggal 6 Mei 1897 teka nèng Suriname), kapal Malang (teka nèng Suriname tanggal 1 Agustus 1901), kapal Lawu (teka nèng Suriname tanggal 17 September 1901), kapal Ambon (teka nèng Suriname tanggal 18 Juli 1903), kapal Florés (teka nèng Suriname tanggal 13 Agustus 1904) lan liya-liyané. |
|
|
![]() |
Kolofon
Disain situsweb,
disain grafis, research
lan Urunan
Situs portal www.diasporajawa.net iki urunane
Bocah desa, Suriname
|
●
Kaca Bebuka |
●
Diaspora Jawa
Sakdonya |